Selasa, 05 November 2019

Teks Sesorah "Sumpah Pemuda" Teguh Mulyo Harjo

Teks Sesorah "Sumpah Pemuda"

Assаlаmu’аlаikum Wr Wb
Ingkаng kinurmаtаn, bаpаk lаn ibu guru sаha kаncа-kаncа ingkаng tаnsаh kulа tresnаni. Sepindаh sumаnggа kulа lаn pаnjenengаn sedoyo ngаturаken puji syukur mаrаng Gusti Allаh ingkаng Mаhа Luhung lаn tаnsаh pаring nikmаt lаn rаhmаt sаhinggo kulа lаn pаnjenengаn tаksih sаged golek ilmu, yаiku nindаkаken sekolаh. Kаping kаlih, wonten kagiyatan punika kula ngaturaken sesorah Sumpаh Pemudа. Kulа lаn pаnjenengаn mesti sаmpun sаmi mаngertosi bilih tаnggаl 28 Oktober bаngsа Indonesiа mengeti dinten Sumpаh Pemudа. Inggih menikа sаlаh sаwijining prаstаwа skrаlingkаng nuduhаke mаrаng kаbeh wong bilih bаngsа Indonesiа bаngsа ingkаng аnggаdаhi semаngаt berjuаng, semаngаt nyаwiji bhinekа tunggаl ikа, semаntа merdekа lаn dаdi bаngsаingkаng ngаdeg jejeg.
Wondene isi Sumpаh Pemudа inggih menikа:
1.Kаmi putrа dаn putri Indonesiа, mengаku berbаngsа sаtu, bаngsа Indonesiа
2.Kаmi putrа dаn putri Indonesiа, mengаku bertumpаhdаrаh sаtu, tаnаh аir Indonesiа
3.Kаmi putrа dаn putri Indonesiа, menjunjung tinggi bаhаsа persаtuаn, bаhаsа Indonesiа

Isi sumpаh lаn jаnji menikа wаjib kitа lestаrkkаke lаn diаmаlаke kаgem mujudаke pengаrep-аrep cita citа kаmаrdikаn urip mаkmur, аdil lаn sejаhterа.Yаiku minаngkа pelаjаr / murid, kitа wаjib semаngаt lаn mempeng аnggenipun sinаu. Lаn minаngkа pemudа (usiа produktif) kitа kedаh semаngаt lаn sregep аnggenipun nyаmbutdаmel ngsisi pembаngunаn bаngsа. Menikа inkаng sаged kulа аturаken bаbаgаn Sumpаh Pemudа. Ayo kitа junjung tinggikаluhurаn Sumpаh Pemudа. 

Cekаp semаnten аtur kаwula.
Bilih wonten klenta-klentunipun kula nyuwun agunging pangaksami.
Wassalamu'alaikum wr. wr.

Minggu, 18 November 2018

UJI KOMPETENSI SEMESTER GASAL BASA JAWI KELAS 10 SEMESTER 1 - TEGUH MULYO HARJO


UJI KOMPETENSI

SEMESTER GASAL

 I.  Pilihan Ganda
1.    D
2.    C
3.    A
4.    C
5.    B
6.    B
7.    A
8.    A
9.    A
10. E
11. E
12. B
13. A
14. B
15. C
16. A
17. E
18. A
19. B
20. C
21. E
22. A
23. C
24. E
25. D

II.  Essay
1.  Jinise artikel ana 5, yaiku :
·         Artikel eksploratif, yaiku artikel sing ngandharake kanyatan-kanyatan miturut panalare panulis.
·         Artikel eksplanatif, yaiku artikel sing isine nerangake sawijine masalah sing bisa dipahami dening sing maca.
·         Artikel deskripif, yaiku artikel sing ndandharake sawijine masalah kang dumadi ing masyarakat.
·         Artikel prediktif, yaiku artikel sing isine petungan utawa ramalan apa kang dumadi ing mangkone manut petungane panulis.
·         Artikel preskriptif, yaiku artikel sing menehi tuntunan tumrap sing maca kanggo nindakake sawijine pakarya sahingga ora kliru utawa salah anggone nindakake.

2.  Carane ndudah artikel kang becik adhedasar wacan ing dhuwur, yaiku :
·         Irah-irahan artikel.
·         Asmane panulis artikel.
·         Media sing digunakake.
·         Foto lan sumber.
·         Papan panggonan dumadi.
·         Ukara kasunyatan, aktual lan wis kedadeyan.
·         Akibat sawise kedadeyan.
·         Dina lan tanggale kedadeyan.
·         Narasumber.
·         Asmane narasumber.
·         Pawangsulane narasumber ngenani pitakon gegayutan sebab musababe prastawa.
·         Pratelane narasumber.
·         Panemune narasumber kanggo ngudhari masalah.
3.   Kalungguhane paraga punakawan sajrone jagad pawayangan Jawa, yaiku : ngampingi paraga satriya / danawa, dadi pemomong / guru, tukang banyol, kadhaput dadi pangiket antarane pagelaran wayang para pamiyarsane.
4.   Piwulang utawa nilai-nilai sajrone carita wayang, yaiku :
·      Bebener lan tumindak adil meski bakal ngasarake kadurjanan.
·      Arepa dtutup-tutupi sawijine tumindak ala durjana ing tembe mesthi bakal kaweleh, bakal konangan.
·      Sakabehing tumindak manungsa bakal ngasilake sawijine kahanan utawa akibat tartamtu.
·      Tresno kang satuhu utawa gegayuhan leluhur mesthi mbutuhake pangurbanan tartamtu.
·      Ngasarake diri sak lengahe bebrayan, ora ngegungake kaluwihane dhewe ana sakehe lelakon.
5.     Pigunane carita lan pagelaran wayang tumrap bebrayan jawa yaiku kanggo nepungake karo perangane kebudayaan jawa kang urip lan diuri-uri dening bebrayan jawa panyengkuyunge.
6.     Carane supaya lakon bisa nuwuh lan ngrembaka piwulang bab moral kesusilaan yaiku arupa pitutur kang awujud wewarah.
7.     Kang kudu ditindakake sadurunge nggelar lakon, yaiku :
·         Netepake tema utawa irah-irahan lakon kang arep kagelar.
·         Netepake dalang lan para paraga.
·         Ndudhah skenario (naskah/teks).
·         Gladhen maca lan tingkah.

Jawaban nomor 8 lan 9 ing gambar iki !


10. Prawira ambayar zakat mal karo infak nganti 23.450 repes.

Jawaban Gladhen Wulangan 3 - Teguh Mulyo Harjo


Jawaban
Gladhen Wulangan 3

I  Pilihan ganda
1.       D
2.       E
3.       C
4.       B
5.       C
6.       A
7.       B
8.       C
9.       D
10.   A
11.   D
12.   C
13.   B
14.   B
15.   E

II Essay
1.   Lakon utawa sosiodrama yaiku salah sijining jenis kesenian kang arupa pentas teater utawa lakon kang mbabarake crita urip manungsa ing alam ndonya. Crita kang diangkat biasane konflik kehidupan sedina- dina lan kepriye manungsa ngadepi masalah-masalah. Kanggo para siswaa, gunane nonton lakon utawa sosiodrama yaiku supaya mbesok ing tembe mburi bisa dadi menungsa kang peka marang lingkungan lan bisa sosialisasi ing alam ndonya sesrawungan karo tangga-tanggane.
2.     Wewarah bisa gampang kadudut yen migunakake basa sing gampang dipahami lan awit ing basa Jawa ana unggah-ungguh kang nuntun manungsa supaya tumindak netepi tata krama.
3.     Titikane basa lisan :
·         Ana kang guneman utawa caturan kanthi adu arep.
·         Unsur gramatikal (pandhapuking ukara) ora kapratelake kanthi jangkep.
·         Kaiket dening panggonan lan wektu.
·         Pangetrapane kasengkuyung intonasi, praupan, lan swasana.
4.     Supaya bisa nglancarake pagelaran amrih ora marai ndredeg/grogi pinuju pagelaran lan supaya bisa nambah kepedean awakdewe.
5.     Guritan : katulis kanthi bleger, baris lan pada.
Gancaran : katulis kanthi bleger paragraf.
Lakon : katulis kanthi bleger kang dumadi saka tokoh, antawacana, swasana, pituduh laku.




Tugas Basa Jawa Tuladha Ukara Basa - Teguh Mulyo Harjo


Tugas Basa Jawa
Tuladha Ukara Basa

1.       Tuladhane ukara basa krama alus :
·         Yanti saweg dhahar sekul goreng.
·         Budhe saweg sare.
·         Mbah kakung midhangetaken siyaran ringgit wacucal.
·         Pakdhe tindak dhateng Tawangmangu nitih bis.

2.       Tuladhane ukara basa ngoko alus :
·         Yanti lagi dhahar sega goreng.
·         Budhe lagi sare.
·         Mbah kakung midhangetaken siyaran wayang kulit
·         Pakdhe tindak neng Tawangmangu numpak bis

3.       Tuladhane ukara basa krama lugu :
·         Yanti saweg nedha sekul goreng.
·         Budhe saweg tilem.
·         Mbah kakung mirengaken siyaran wayang kulit.
·         Pakdhe kesah dhateng Tawangmangu nitih bis.

4.       Tuladhane ukara basa ngoko lugu :
·         Yanti lagi mangan sega goreng.
·         Budhe lagi turu.
·         Mbah kakung ngrungokake siyaran wayang kulit.
·         Pakdhe lunga neng Tawangmangu numpak bis.

Jawaban Gladhen Wulangan 2 - Teguh Mulyo Harjo


Jawaban
Gladhen Wulangan 2
                  I.     Pilihan ganda
1.       A
2.       B
3.       A
4.       E
5.       D
6.       B
7.       A
8.       B
9.       A
10.   A
11.   A
12.   B
13.   C
14.   D
15.   A

                II.   Essay
 1.Wayang sajroning kebudayaan Jawa yaiku wayang saged gambaraken watak lan jiwanipun manungsa Jawa. Wayang mujudaken pangéjawantahan pribadi manungsa. Uriping manungsa/tindak tanduk/kebudayaan Jawa saged dipuntingali wonten wewayangan. Wayang nyritakake jaman-jaman biyen lan dilakokake dening dalang.
 2.Mawujudake piwulang budi pakarti utawa sarana panggulawenthah tumrap para siswa kabeh. Kejaba kuwi para siswa bisa nuduhake lan nindakake tumindak sing becik, utama, ngedohi tumindak ala, lan kanggo sarana supaya budaya tetep lestari.
  3.Iya, amarga ing bagian resolusi iku isine pamungkase pasulayan/kedadean ing sajrone cerita wayang dadi resolusi kudu ana kanggo pangudharing prakara.
  4.Pigunane perangan dudutan utawa coda sajroning teks lakon carita wayang,  yaiku :
·         Kanggo panutupe carita wayang.
·         Kanggo menehi amanat kang ana ing sajroning carita wayang.

JINIS-JINISE ARTIKEL - TEGUH MULYO HARJO


JINIS-JINISE ARTIKEL

1) Artikel eksploratif, yaiku artikel kang nuduhaké fakta miturut kajian panulisané.
2) Artikel eksplanatif, yaiku artikel kang isiné katrangan babagan sawijiné perkara kanggo                  dimangertèni sing maca.
3) Artikel dhèskriptif, yaiku artikel kang nggambaraké babagan sawijiné pokok perkara kang              kadadéyan ing masyarakat. Saéngga wong kang maca kaya weruh, ngrungokaké, lan ngrasakaké
    babagan kang ditulis.
4) Artikel prèdhiktif, yaiku artikel kang isiné pètungan utawa ramalan babagan apa kang bakal            kadadèn miturut pètungan panulis.
5) Artikel preskriptif, yaiku artikel jinis iki mènèhi tuntunan marang pamaos supaya ora klèntu          utawa kliru.
6) Artikel naratif, yaiku artikel kang kanthi prasaja naratif bisa diarani crita. Ing artikel narasi              ana prastawa utawa kadadéyan ing sawijining wektu. Ing kadadéyan iku ana uga tokoh kang          lagi ngadhepi masalah.
7) Artikel eksposisi, yaiku artikel kang isiné panjlèntrèhan babagan sawijining topik kanthi                ancas mènèhi tambahan èlmu kanggo wong kang maca.
8) Artikel argumentasi, yaiku artikel kang nduwe ancas kanggo mbuktekake kabeneran                        sawijining panyaruwe utawa dhudhutan utawa alesan utawa bukti. Ing artikel argumentasi iki,        pengarang ngarepake mbenerake panyaruwene saka wong kang maca.
9) Artikel persuasi, yaiku artikel kang ancase kanggo mrabawani wong kang maca kanggo                  nindakake sawijining pakaryan.

JINIS-JINISE UKARA - TEGUH MULYO HARJO


JINIS-JINISE UKARA


1. Ukara Andharan/Ukara Cerita (Kalimat Berita)
Kalimat andharan yaiku ukara sing isine kang ngabarake utawa ukara kang nyritakake bab/kedadean. Cirine ukara andharan yaiku dipungkasi kanthi waca titik (mandeg), mula macane kanthi intonasi/nganggo swara kang rata (datar) lan ora ana penekanan babar pisan.
Tuladha :
a. Mau bengi ana kebakaran ning omahe Pak Bejo.
b. Bapak tindak dhateng kantor.

2. Ukara Pitakon (Kalimat Tanya)
Ukara pitakon yaiku ukara kang isine nakokake bab tertentu. Cirine ukara pitakon yaiku dipungkasi tandha waca piatakon, mula pamacane kanthi intonasi takon.
Tuladha :
a. Sampeyan mundhut napa?
b. Bapak dhahar apa?

3. Ukara Pakon (Kalimat Perintah)
Ukara uakon yaiku ukara kang isine mrentah wong liya nindakake pakaryan tartampu manut apa sing dikarepake sing ngongkon. Cirine ukara pakon yaiku dipungkasi tandha waca seru, mula pamacane kanthi intonasi seru lan rada diteken.
Tuladha :
a. Ngaliha!
b. Sinau sing sregep!

4. Ukara Panguwuh (Kalimat Seru)
Ukara panguwuh yaiku ukara kang nggambarake rasa ora percaya, emosi sing kuat rasa gumun. Cirine ukara panguwuh yaiku diwiwiti kanthi tembung panguwuh Tembun panguwuh yaiku : Wow, wadhuh, Hi, Hore, wah.
Tuladha :
a. Horee..  aku oleh biji satus !
b. wow, apike montore !