Minggu, 18 November 2018

JINIS-JINISE ARTIKEL - TEGUH MULYO HARJO


JINIS-JINISE ARTIKEL

1) Artikel eksploratif, yaiku artikel kang nuduhaké fakta miturut kajian panulisané.
2) Artikel eksplanatif, yaiku artikel kang isiné katrangan babagan sawijiné perkara kanggo                  dimangertèni sing maca.
3) Artikel dhèskriptif, yaiku artikel kang nggambaraké babagan sawijiné pokok perkara kang              kadadéyan ing masyarakat. Saéngga wong kang maca kaya weruh, ngrungokaké, lan ngrasakaké
    babagan kang ditulis.
4) Artikel prèdhiktif, yaiku artikel kang isiné pètungan utawa ramalan babagan apa kang bakal            kadadèn miturut pètungan panulis.
5) Artikel preskriptif, yaiku artikel jinis iki mènèhi tuntunan marang pamaos supaya ora klèntu          utawa kliru.
6) Artikel naratif, yaiku artikel kang kanthi prasaja naratif bisa diarani crita. Ing artikel narasi              ana prastawa utawa kadadéyan ing sawijining wektu. Ing kadadéyan iku ana uga tokoh kang          lagi ngadhepi masalah.
7) Artikel eksposisi, yaiku artikel kang isiné panjlèntrèhan babagan sawijining topik kanthi                ancas mènèhi tambahan èlmu kanggo wong kang maca.
8) Artikel argumentasi, yaiku artikel kang nduwe ancas kanggo mbuktekake kabeneran                        sawijining panyaruwe utawa dhudhutan utawa alesan utawa bukti. Ing artikel argumentasi iki,        pengarang ngarepake mbenerake panyaruwene saka wong kang maca.
9) Artikel persuasi, yaiku artikel kang ancase kanggo mrabawani wong kang maca kanggo                  nindakake sawijining pakaryan.

3 komentar: