JINIS-JINISE ARTIKEL
1) Artikel eksploratif, yaiku
artikel kang nuduhaké fakta miturut kajian panulisané.
2) Artikel eksplanatif, yaiku artikel kang isiné katrangan babagan
sawijiné perkara kanggo dimangertèni sing maca.
3) Artikel dhèskriptif, yaiku
artikel kang nggambaraké babagan sawijiné pokok perkara kang kadadéyan ing
masyarakat. Saéngga wong kang maca kaya weruh, ngrungokaké, lan ngrasakaké
babagan kang ditulis.
4) Artikel prèdhiktif, yaiku
artikel kang isiné pètungan utawa ramalan babagan apa kang bakal kadadèn
miturut pètungan panulis.
5) Artikel preskriptif, yaiku
artikel jinis iki mènèhi tuntunan marang pamaos supaya ora klèntu utawa kliru.
6) Artikel naratif, yaiku
artikel kang kanthi prasaja naratif bisa diarani crita. Ing artikel narasi ana
prastawa utawa kadadéyan ing sawijining wektu. Ing kadadéyan iku ana uga tokoh
kang lagi ngadhepi masalah.
7) Artikel eksposisi, yaiku
artikel kang isiné panjlèntrèhan babagan sawijining topik kanthi ancas mènèhi
tambahan èlmu kanggo wong kang maca.
8) Artikel argumentasi, yaiku
artikel kang nduwe ancas kanggo mbuktekake kabeneran sawijining panyaruwe utawa
dhudhutan utawa alesan utawa bukti. Ing artikel argumentasi iki, pengarang
ngarepake mbenerake panyaruwene saka wong kang maca.
9) Artikel persuasi, yaiku artikel kang ancase
kanggo mrabawani wong kang maca kanggo nindakake sawijining pakaryan.
Terimakasih banyak
BalasHapusTerimakasih sudah membantu
BalasHapusTerima kasih telah membatu
BalasHapus