Minggu, 18 November 2018

JINIS-JINISE UKARA - TEGUH MULYO HARJO


JINIS-JINISE UKARA


1. Ukara Andharan/Ukara Cerita (Kalimat Berita)
Kalimat andharan yaiku ukara sing isine kang ngabarake utawa ukara kang nyritakake bab/kedadean. Cirine ukara andharan yaiku dipungkasi kanthi waca titik (mandeg), mula macane kanthi intonasi/nganggo swara kang rata (datar) lan ora ana penekanan babar pisan.
Tuladha :
a. Mau bengi ana kebakaran ning omahe Pak Bejo.
b. Bapak tindak dhateng kantor.

2. Ukara Pitakon (Kalimat Tanya)
Ukara pitakon yaiku ukara kang isine nakokake bab tertentu. Cirine ukara pitakon yaiku dipungkasi tandha waca piatakon, mula pamacane kanthi intonasi takon.
Tuladha :
a. Sampeyan mundhut napa?
b. Bapak dhahar apa?

3. Ukara Pakon (Kalimat Perintah)
Ukara uakon yaiku ukara kang isine mrentah wong liya nindakake pakaryan tartampu manut apa sing dikarepake sing ngongkon. Cirine ukara pakon yaiku dipungkasi tandha waca seru, mula pamacane kanthi intonasi seru lan rada diteken.
Tuladha :
a. Ngaliha!
b. Sinau sing sregep!

4. Ukara Panguwuh (Kalimat Seru)
Ukara panguwuh yaiku ukara kang nggambarake rasa ora percaya, emosi sing kuat rasa gumun. Cirine ukara panguwuh yaiku diwiwiti kanthi tembung panguwuh Tembun panguwuh yaiku : Wow, wadhuh, Hi, Hore, wah.
Tuladha :
a. Horee..  aku oleh biji satus !
b. wow, apike montore !

Tidak ada komentar:

Posting Komentar