Tugas Basa Jawa
Tuladha Ukara Basa
1.
Tuladhane ukara basa krama
alus :
·
Yanti saweg dhahar sekul
goreng.
·
Budhe saweg sare.
·
Mbah kakung midhangetaken
siyaran ringgit wacucal.
·
Pakdhe tindak dhateng Tawangmangu
nitih bis.
2.
Tuladhane ukara basa ngoko
alus :
·
Yanti lagi dhahar sega
goreng.
·
Budhe lagi sare.
·
Mbah kakung midhangetaken
siyaran wayang kulit
·
Pakdhe tindak neng
Tawangmangu numpak bis
3.
Tuladhane ukara basa krama
lugu :
·
Yanti saweg nedha sekul goreng.
·
Budhe saweg tilem.
·
Mbah kakung mirengaken
siyaran wayang kulit.
·
Pakdhe kesah dhateng
Tawangmangu nitih bis.
4.
Tuladhane ukara basa ngoko
lugu :
·
Yanti lagi mangan sega
goreng.
·
Budhe lagi turu.
·
Mbah kakung ngrungokake
siyaran wayang kulit.
·
Pakdhe lunga neng
Tawangmangu numpak bis.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar